Jumat, 09 Oktober 2015

Sawijining dino

Sawijining dino...

Dodo ngobrol karo bojone neng teras omah..

Bojo: "Mas, aku pengin latihan renang, oleh to ?!!"

Dodo: "Arep nggo opo?! wis tuwo ndadak pethakilan pengin renang.."

Bojo : "Ben langsing to Mas, koyo jaman isih prawan ndhisik..!"

Dodo : "Haalaah, ikan paus sing saben dino renang kae yo tetep gendut...!!".

Bojo: "Huhhhhh..!!"

Telung minggu sak uwise...


Dodo : " Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah2an sing akeh. Sesuk tukokno neng pasar yo...!!"

Bojo : "Tumben doyan buah2an, arep nggo opo to mas..?"

Dodo : "Ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom2an dhisik. Kan kowe yo melu bangga...!"

Bojo : "Alaah Mas, munyuk kae saben dino  makan buah2an, rupane yo tetap elek...
๐Ÿ’๐Ÿ’๐Ÿ’

Tidak ada komentar:

Posting Komentar